*_PARJO JOYO SAMIN_* *"BELAJAR BAHAGIA"* *PARJO*

Tambahkan ke favorit Kirim pesan

Di Detil

Admin Barang Bekas
Indonesia, Yogyakarta, Yogyakarta, 55222
Selasa, 17 Desember 2019 17.40.13 Waktu Indonesia Barat
Deskripsi

*_PARJO JOYO SAMIN_* *"Belajar bahagia"* *Parjo* : Kang, sampeyan menehi duwit Joyo? *Samin* : Iyo. *Parjo* : Sampeyan diapusi... Joyo kuwi sugih. *Samin* : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane Joyo karo Gustine Joyo. ================== *Parjo* : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran? *Samin* : Ilang. *Parjo* : Ora mbok golek'i ... sopo sing nyolong? *Samin* : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan. =================== *Parjo* : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo. *Samin* : Yo Ben wae. *Parjo* : Sampeyan ora nesu ? *Samin* : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu. ================= *Parjo* : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo. *Samin* : Wes ben wae. *Parjo* : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti? *Samin* : Aku malah luwih kaget nek pitikku sing mangan asune si Joyo. ================== *Parjo* : Kang, wes mangan ? *Samin* : Durung. *Parjo* : Mreneo tak wenehi duwit. *Samin* : Emoh . Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duwit. ================= *Parjo* : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo. *Samin* : Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan. ================== *Parjo* : Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul..... ora jelas? *Samin* : Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok. =================== *Parjo* : Kang, klambi sing kok pepe dicolong uwong. *Samin* : Ben. Wong salahku dewe, aku mepe klambi kok tak pamer2ke ning njobo. ================== *Parjo* : Kang, kok mlaku? Jaran sing biasa sampeyan tumpaki endi? *Samin* : Ilang. *Parjo* : Kok malah ngguya-ngguyu? *Samin* : Lha untunge dicolong pas ora tak tumpaki. Nek pas tak tumpaki aku yo katut ilang no..... ================== *Parjo* : Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho. *Samin* : Yo Ben. *Parjo* : Kan ora adil. *Samin* : Adil kuwi ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik rak yo emoh to? ================== *Parjo* : Kang, pelem-mu dicolong Joyo. *Samin* : Ben wae. *Parjo* : Kok ben? *Samin* : Lha kowe Iki piye to? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae.... ===================

Kirim Pesan

Promosi iklan

Di Detil
Lainnya ?SOLD?LEMARI 2 PINTU
Yogyakarta, Indonesia
Di Detil
Lainnya MEJA LESEHAN TEBAL
Yogyakarta, Indonesia
Di Detil